SELAMAT DATANG & TERIMA KASIH ATAS KUNJUNGAN ANDA

Kamis, 02 Februari 2012

Dawuhe Imam Syafi'i (MUQODIMMAH ISHARI)

ﺑﺴﻢﺍﻠﻟﻪﺍﻠﺮﺤﻤﻦﺍﻠﺮﺤﻴﻢ
ﺍﻠﺤﻤﺪ ﺍﻠﻠﻪ ﺍﻠوﺍﺤﺪ ﺍﻠﺮﺆﻒ وﺍﻠﺼﻼﺓ وﺍﻠﺴﻼﻢﻋﻟﻰ ﺴﻴﺪﻨﺎ ﻤﺤﻤﺪ ﺍﻟﻌﻃﻮﻒ ﺍﻟﻗﺎﺌﻞ ﺍﻋﻟﻨﻮﺍﺍﻟﻨﻜﺎﺡ ﺑﺎﺍﻟﺪﻔﻮﻒ ﻮﺼﻠﻰﺍﻟﻟﻪﻋﻠﻴﻪ ﻮﺴﻟﻡ ﻮﻋﻠﻰ ﺍﻠﻪ ﻮﺍﺼﺤﺎﺒﻪ ﺍﻟﺬﻴﻦ ﻗﺎﻤﻮﺍﻟﻟﺼﻼﺓ ﻮﺍﻟﻗﺘﺎﻞ ﺒﺎﺍﻟﺼﻔﻮﻒ ﻮﺍﻟﺗﺎﺒﻌﻴﻨﺎ ﻟﻬﻡ ﺒﺈﺤﺴﺎﻦ ﺍﻟﻰﻴﻮﻢ ﺍﻨﻘﺿﺎﺀ ﺍﺠﻞ ﺍﻟﻨﻔﻮﺲ.

Poro sederek ingkang sami remen dateng maulud terbangan puniko samiho enget dating maksudipun wahu terbangan sampun ngantos salah tampi. Lajeng terbangan puniko dipun anggep tanggapan utawi tontonan. Dene makdusdipun terbangan puniko mboten wonten maleh saklintune hurmat utawi ngegungaken utawi bingah-bingah dateng mauludipun, dhohiripun junjungan kito Nabi Muhammad SAW. tumerap tiyang ingkang diaturi terbangan puniko inggih kedah niat kados mekaten wau soho niat bingah-bingah utawi ngelahiraken kebingahan dateng tiyang ingkang kagungan hajat kersane sami kegolong utawi kalebet dateng dawuhipun Kanjeng Nabi Muhammad SAW :

ﻤﻦﻋﻈﻡ ﻤﻮﻟﺪﻯ ﻜﻧﺖ ﺸﻔﻴﻌﺎ ﻟﻪ ﻴﻮﻡﺍﻟﻗﻴﺎﻤﺔ ﻮﻤﻦ ﺍﻨﻔﻖ ﺪﺮﻫﻤﺎ ﻔﻰﻤﻮﻟﺪﻯ ﻔﻜﺄﻨﻤﺎ ﺍﻨﻔﻖ ﺠﺑﻼ ﻤﻦ ﻨﻫﺐ ﻔﻰﺴﺑﻴﻞﺍﻠﻠﻪ

Dene maksudipun kirang langkung mekaten : “ Sing sopo wonge gelem ngegungaken marang maulud ingsun, mangka ingsun bakal nyafa’ati marang wong iku besok ing dino kiamat, lan sing sopo wonge gelem mbelanja’aken duwit perlu kangge hurmat maulud ingsun mangka wong iku oleh ganjaran podo karo ganjarane wong kang shodaqoh emas sak gunung kanggo mbantu perang sabilillah.”

Dene dawuhipun Imam Syafi’I :

ﻘﺎﻞﺮﺿﻰﺍﻠﻠﻪﻋﻨﻪ ﻤﻥﺠﻤﻊ ﻠﻤﻮﻟﺪﻯ ﺍﻠﻨﺒﻰﺼﻠﻰﺍﻠﻠﻪﻋﻟﻴﻪ ﻮﺴﻼﻡ ﺍﺨﻮﺍﻨﺎ ﻮﻫﻴﺄﻟﻬﻡ ﻄﻌﺎﻡ ﻮﻋﻤﻞﺍﺤﺴﺎﻨﺎ ﺒﻌﺛﻪﺍﻟﻟﻪ ﻴﻭﻡﺍﻟﻗﻴﺎﻤﺔ ﻤﻊ ﺍﻟﺼﺪﻴﻘﻴﻧﺎ ﻭﺍﻟﺷﻬﺪﺍﺀ ﻭﺍﻟﺼﺎﻟﺤﻴﻦ ﻭﻴﻜﻭﻧﻭ ﻔﻰﺠﻨﺎﺖ ﺍﻟﻨﻌﻴﻢ

Artosipun, : “ Sing sopo wonge gelem ngelumpukno marang sedulur muslimin perlu diajak bungah-bungah lan hurmat maring mauludipun Kanjeng Nabi lan gelem sedia panganan perlu kanggo suguhane poro sedulur mahu serto agawe kebagusan koyo berjanjen utawi diba’an, utawi terbangan utawi liya-liyane, mangka wong iku bakal dita’aaken kaleh Gusti Allah besok dino kiamat serta penggonane dikumpulno karo wong kang temen-temen kabeh lan wong kang mati syahid kabeh lan wong kang sholeh-sholeh kabeh, lan wong iku bakal manggon ono ing suwargo penggonane nikmah.”

Ningali saking fadilah-fadilah kang sampun kasebat ing nginggil wau dados poro sederek kang badhe maulud utawi ngaturi maulud supados samiho kagungan niat ingkang shohih soho ingkang ikhlas. Sampun ngantos namung niat bingah-bingah mawon utawi niat takabbur utawi riya’ (kepingin dilem tiyang). Soho sampun ngantos menawi kagungan manah mboten sekeco mergi kirang kehurmatan utawi kirang suguhan utawi keranten mboten mbawak, mboten nabuh terbang, utawi lintu-lintune. Menawi ngoten lajeng mboten hasil ganjaranipun mboten kalebet dateng dawuh-dawuh kang sampun kasebat wahu.

0 komentar:

Posting Komentar

Design by Sihabbil Habibi Visit Original Post Islamic2 Template